Kamis, 02 Juni 2011

Sido Rondo

Biyen mulo sliramu wis tak aturi
Golek bojo sing tresno welas
sejati
Pungkasane sliramu di gawe loro
Ora wurung saiki wis dadi rondo
Nanging piye mas
kabeh iki wis kebacut
ibarat bubur ra bakal dadi sego
Mulo getunku iki tanpa upomo
Ngerti ngono mas..
lamaranmu sing tak tompo
Kabeh iki ora perlu di getuni
Janjiku biyen aku sanggup
ngenteni
Kowe lan aku mugo dadi jodone
Ra keno prawane tak enteni..
rondone!
Ora nyongko mas..
sampeyan sabar ngenteni
Ing nyatane tresnomu
tulus lan suci
Sing tak suwun sing gede
pangapurone
Andum tresno bebojoan
selawase

Tidak ada komentar:

Posting Komentar